Jaman Setan Wus Tumeko, Jaman Edan Wus Paripurno
Jaman edan wus paripurno
Mulo wong edan ora oleh aji opo - opo
Wong edan saban paran, luru donyo jempalikan
Wingi wengi,
Saiki wingi,
Nyatane mbesok iku saiki
Mongso rino wus pamitan
Serngenge-ne mentor - mentor ing petengan
Padhang lan peteng ora cetho
Mbulan lan lintang ora ketoro
Jaman edan wus paripurno
Jaman setan wus tumeko